Halaman

Senin, 31 Mei 2010

Layang Ulem

Bismillahirrohmanirrokhim
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh



Nambut Silaning Akrami :

Shinta Ayu, S.Pd.
( Putri Bpk. Sugeng / Ibu Yani, Singosari-Malang )

kaliyan :

Galuh Adi Sasongko, SE
( Putra Bpk. Edy Martono / Ibu Asih, Purwosari-Pasuruan )

Dhaup Suci :
Dinten : Jumat Legi,
Surya Kaping : 28 Mei 2010,
Wanci Tabuh : 09.30 WIB,
Mapan ing : Singosari-Malang

Winantu Sagunging Pakurmatan,
Kanthi Lumaraping Nawala Sedhahan, Minangka Sesulih Pisowan Kula Wonten ing Ngarsa Panjenengan, Sinartan Nyadhong Berkahing Gusti Ingkang Maha Tunggal, Kula Sabrayat Hanggadhahi Pangangkah Badhe Ngawontenaken Syukuran Tuwin Pawiwahan Dhauping Sri Penganten Anak Kula,

Dinten : Jumat Legi,
Surya Kaping : 28 Mei 2010,
Wanci Tabuh : 14.00 – 16.00 WIB
Mapan ing : Gedung VEDC/PPPPGT Malang

Setuhu Badhe Damel Bombong Saha Mongkoging Manah Kula Sabrayat, Bilih Dhangan ing Penggalih Saha Sepen ing Sambekala Bapak / Ibu Kepareng Rawuh Hangestreni Saha Paring Puja Pangastuti Dhumateng Anak Kula Sri Penganten, Supados Dados Kaluwarga Ingkang Bagya Mulya
Wasana Kula Sagotrah Hangaturaken Agunging Panuwun Saha Nyuwu Lubering Pangaksami Sadaya Kekirangan Dalah Kalepatan Kula.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh


Atur Taklim Kula,
Bpk. Sugeng / Ibu Yani, Singosari-Malang
Putra Bpk. Edy Martono / Ibu Asih, Purwosari-Pasuruan
Shinta & Galuh

Malang, Mei 2010

Pengaruh Media internet .....

PENGARUH MEDIA INTERNET ING BIDANG PENDIDIKAN


Assalamu,alaikum Wr. Wb.

Bapak saha Ibu Juri Lomba Pidhato ingkang dhahat kinurmatan, para bapak Ibu Guru Pendamping ingkang tansah kinakbeten, para kanca mudha taruna ingkang tansah pinayungan ing karahayon, para rawuh kakung sumawana putri ingkang sinuba ing pakurmatan.
Puja puji pudyastuti katur dumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah dumateng kita sedaya. Sahingga ing dinten punika, kita saged makempal ing papan ingkang sarwa prasaja punika.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, keparenga kula minangka sesulih saking SMP Negeri 16 malang badhe ngaturaken pidhato ngenani “Pengaruh Media internet ing Bidang Pendidikan”. Pengaruh punika saged pengaruh ingkang sae lan pengaruh ingkang awon.
Kados sampun kawuningan, tegesipun internet inggih punika “Interconnection Network” utawi “ hubungan antar jaringan komputer ingkang wiyar sanget wonten ing saindhenging jagad. Ing salebetipun, wonten “sumber daya informasi milai saking “statis” ngantos “dinamis”. Ing salebete internet, kita saged ngangsu kawruh bab punapa kemawon kanthi gamblang saha cepet sanget. Saking gamblang saha cepetipun, kita saged mangertos pawarta-pawarta ing saindhenging jagad kanthi langsung lan lengkap.
Internet punika saged diumpamekaken glathi, glathi punika saged dipundamel samubarang ingkang migunani tumrap gesang, ananging glathi ugi saged damel samubarang ingkang mitunani tumrap gesangipun manungsa. Semanten ugi ing salebetipun internet. Nanging sedaya punika gumantung tiyang ingkang migunakaken.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, sakpunika pamarentah ngrekadaya supados akses internet saged dipunakses utawi saged dipunginakaken dening sedaya masyarakat. Milai ing padesan ngantos ing kitha. Sakpunika tiyang ingkang ngginakaken internet ing indonesia ngantos 25 yuta langkung. Pangangkahipun pamarentah ing tahun ngajeng wonten undhaking inggih punika 25 yuta malih. Dados kirang langkung wonten 50 yuta tiyang indonesia saking cacah pendhudhuk 230 yuta ingkang badhe migunakaken internet. Ningali saking perkembangan internet ingkang “global” punika, sakpunika pamarentah ugi ngrekadaya supados akses internet ing Indonesia punika mboten disalahginakaken kangge samubarang ingkang mboten selaras kaliyan budaya Indonesia.
Upaminipun, rekadayanipun pamarentah “mblocking” akses situs porno. Sedaya jaringan ingkang saged ngakses internet dipunwatesi supados mboten saged ngakses situs porno. Rekadaya punika kanthi tujuan supados generasi mudha mboten saged ningali samubarang ingkang mboten wonten ginanipun utawi mitunani tumrap budaya lan kapribaden rakyat Indonesia.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, Pengaruh Internet ing Bidang Pendidikan kathah sanget. Pengaruh ingkang sae inggih punika internet saged dados sumbering informasi ingkang dibektahaken dening sedaya kalangan akademis. Sakderengipun wonten internet, masyarakat Indonesia utaminipun kalangan akademis kewetan madosi informasi ingkang dibektahaken. Para akademis kedah mlebet lan medal , madosi buku-buku ing “perpustakaan konvensional”. Punika mbektahaken wekdal saha biaya ingkang kathah. Ananging wontenipun internet, sedaya punika saged dipuntindakaken kanthi cepet lan ringkes uatawi praktis sanget.
Media-media pembelajaran ingkang arupi teks, film, musik, media pembelajaran interaktif saged dipunundhuh utawi dipundownload saking internet. Siswa lan Guru saged sinau kanthi cara langsung utawi on-line. Sinaosa kanthi jarak ingkang tebih, ananging saged ditindakaken sacara langsung. Tugas-tugas siswa saged dipungarap lan dikempalaken sarana ngirim e-mail. Guru saged kagungan situs utawi web site lan e-mail ingkang isinipun materi pembelajaran. Lan punika saged diakses sedaya siswa utawi tiyang sanes ingkang mbektahaken. Kita minangka siswa bilih wonten tugas punapa kemawon saking guru, saged pados materi saking internet, banjur dipunolah malih supados langkung sae. Kita para siswa ugi saged nyobi soal-soal online, sahingga saged damel latihan uji kompetensi dhiri sacara langsung. Ingkang ngremenaken malih, kita saged langsung mangertos asilipun.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, Pengaruh sae Internet ing Bidang Pendidikan kalawau tamtu kemawon kairingan pengaruh ingkang mboten sae. Amargi sedaya informasi ingkang sae lan mboten sae saged dipuntingali, saged dipunundhuh lan disimpen. Menawi kita minangka siswa, mboten kagungan tameng agama lan kapribaden ingkang kiat, kita badhe kaseret dhumateng tumindak ingkang kirang sae. Saged ndadosaken kita tumindak ala dhumateng sesami. Pramila saking punika, kados sampun diandharaken bilih sakpunika pamarentah “mblocking” akses situs porno supados pengaruh ala saged dikirangi langkung kathah.
Kirang prayogi bilih pidhato punika kula beberaken sakalangkung kathah. Pramila kula cekapi semanten kemawon. Mbok menawi wonten cecer cewet kula ingkang kirang mranani ing penggalih panjenengan sedaya, saestu kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Jeruk Sing

Jeruk Sing*
Crita Cekake: Siti Aminah


Klek. Lampu diuripake nalika Windrati mungkasi guneme. Sanalika ruangan patemon Rasa Tunggal ing Jeruk Sing bali padhang. Gambar omah rusak merga kajugrugan lemah ing tembok ngarep kang kasentrong saka LCD kari lamat-lamat.



Udan kang ora ana enteke wiwit awan. Ndilalah listrik mati sisan. Mula bubar magrib, warga padha kuncen lawang. Hrrrrreeeg. Harjito nglilir, banjur ngelekake mripate. Lamat-lamat dheweke krungu suwara kang rada nyalawadi. Ing wayah wengi kathik udan lan listrik mati pisan, kok keprungu suwara mesin pemotong kayu diunekake. Ah, ngayawara. Ngimpi mbokmenawa, utawa rungon-rungonen, batine. Nom-noman kuwi bali ngeremake mripate, mbacutake turune. Nanging durung nganti turune kepati suwara horeg kuwi bali keprungu. Harjito menyat. Mudhun saka dhipan. Atine krasa sumelang. Embuh suwara apa kang nembe keprungu, nanging dheweke rumangsa menawa iku mujudake saweneh pertandha. Mbuh pertandha apa.

Sawise nyandhak lilin kang mung kari sadriji dawane, Harjito marani lawang, arep metu saka kamar. Ora kaya padatan, lawang angel diwengakake. Kaya-kaya gawangane mungkret saengga inepe seseg. Kaya ana kang ngelingake, Harjito mbengoki wong tuwa lan mbakyune sinambi narik lawang sarosane. Nalika lawang kasil kawengakake, suwara horeg bali keprungu. Harjito bengok-bengok sinambi mlayu tumuju lawang metu. Lemah kang diidak sajak obah. Lindhu! Ing tengah kahanan iku dheweke ujug-ujug kelingan kandhane Windrati nalika semana. Mula pambengoke diserokake sakayange.

“Longsor! Tulung! Tulung!”

“Menika wau gambar ingkang kapendhet sekawan jam sasampunipun musibah longsor ing Nigasan lan dhusun sakiwa tengenipun. Dalu menika sesarengan kula, sowan ugi Mas Harjito minangka saksi lan korban longsor ing Nigasan,” tembunge Windrati mungkasi sesorahe sinambi ngacungake jempole marang nom-noman kang lungguh lesehan ing ngarepe. Sabanjure mike diulungake marang wong lanang ing sandhinge kang dadi moderator acara.

Sanjabaning papan patemonan, katon Nara nguncalake tegesan menyang latar kang teles dening udan. Atine goreh. Rasa lupute teka maneh. Luwih-luwih nalika Windrati masang gambar kahanan Nigasan ing ngarepan.

”Mung kowe sing bisa dakjagakake,” tembunge Windrati marang Nara ing telepon sawijining wektu. ”Liwat jalur struktural wis mental. Wiwit saka kabupaten nganti tekan desa dakparani. Ora ana sing gelem nanggapi, kuwatir pariwisata Nigasan mati.”

”Ya, dakusahakake,” wangsulane Nara setengah njanjeni. Sakeplasan dheweke wis maca laporan penelitian ngenani kahanan Nigasan kang dikirim Windrati liwat email. Miturut laporan iku Gunung Nigasan mujudake ancaman kanggo masarakat sangisore awit ing kono tinemu anakan gunung padha bengkah lan tekane udan ing mangsa rendheng bisa ndadekake jugruge lemah.

Harjito ora bisa ngampet luhe nalika jisime wong tuwa lan mbakyune katemokake sedina sawise jugruge Gunung Nigasan. Rasa keduwunge ora bisa kagambarake. Ora mung merga ora bisa tetulung nanging luwih saka kuwi merga dheweke ora maelu marang tembung Windrati sakanca nalika semana. Windrati sakanca teka, marani dheweke kang dadi tetuwane para mudha Nigasan, nalika upayane ngelingake pamong desa ora digape. Eman tangkepe Harjito ora beda karo para perangkat desa. Nigasan mujudake papan jujugan plesiran kang aman! Tembung aman iku kang kudu tansah kaucapake kanggo narik kawigatene wong-wong supaya plesir menyang Nigasan. Awit akeh warga njagakake panguripan saka tekane wong-wong plesiran. Mula ukara ”Nigasan aman” kudu tansah kabiwarakake. Amarga anane perkara ing Nigasan mesthi nggawa konsekuensi ekonomi.

”Sorry Win,” celathune Nara ing telepon, sedina sawise Windrati ngubungi. ”Laporanmu ora bisa kapacak,” mandheg sedhela, ngulu idu. ”Kowe ngerti dhewe sapa juragane koran iki.”

”Kenapa ndadak tekan juragan?” wangsulane Windrati. ”Kowe pemimpin redaksine!”

Nara ora gage wangsulan. Dheweke wis bisa mbayangake kepriye bakal tangkepe Windrati krungu bab mau. Bener pancen dheweke kang dadi pemimpin redaksi ing koran iki. Nanging dheweke rak ya mung buruh kang kudu manut kekarepane si Bos kang nduweni modal. Lan si Bos wis wanti-wanti, berita kang kababar ing korane kudu nyengkuyung program pemerintah. Sadurunge pilkada dileksanani, bab mau wis disepakati. Iku rega mati, menawa si Bos kepingin tetep dadi rekanan bisnise Bupati. Mula nalika Windrati menehi laporan penelitian ngenani Nigasan, Nara rumangsa prelu njaluk pretikele si Bos.

”Pemimpin redaksi ki ya mung buruh, Win,” sidane kawetu wangsulane Nara.

”Juraganmu rak ya ora nyeleksi berita ta? Saupama kowe nekad paling rak mung diseneni.”

Nara ora wangsulan, mung banjur unjal ambegan.
”Mekaten atur pangendikan saking Ibu Windrati Kaliman. Salajengipun kita bikak sessi diskusi...” keprungu celathune moderator sinambi nampa mike saka Windrati.

Durung nganti moderator mungkasi tembunge, saweneh pawongan ngangkat tangan ing ngarep lawang. Windrati kang wiwit mau nyawang ngarepan kaget meruhi pawongan iku. Nara. Senajan wis ngira menawa Nara bakal teka ing Sarasehan Peredaman Resiko Bencana iki, nanging meksa ana rasa kang banjur nyeseg ing dhadha. Wong wadon kuwi nggegem tangane kang wiwit krasa anyep merga gugupe.

” Kula sarujuk kaliyan ngendikakanipun Ibu Windrati bilih peredaman lan penanggulangan bencana dados tanggel jawab kita sedaya kalebet media. Pramila kula minangka pekerja media nyuwun pangapunten dhumateng para korban ing Nigasan awit peran media ing babagan pendidikan kebencanaan dereng maksimal,” celathune Nara nalika mike wis ana tangane.

Windrati nyalami wong-wong ing sakupenge sinambi pamitan. Mung siji pepinginane saiki, gage oncat saka papan patemonan. Nanging durung nganti sikil kiwane kalebokake ing sepatu, keprungu suwara ngundang jenenge. Nalika Windrati njengek, Nara wis ana ngarepe.

”Nginep ana ngendi?” pitakone.

”Eh, ASA Graha, cedhak prapatan.”

”Dakterake.”

Dumadakan Harjito kang teka ing acara iki merga diajak Windrati marani. ”Mobil ingkang badhe ndherekaken sampun siap, Bu.”

”Oh, iya,” wangsulane Windrati kang gage ditimpali dening Nara, ”Kula ingkang badhe ndherekaken Bu Win,” kandhane Nara marang Harjito.

Harjito nyawang Nara sedhela. Banjur marang Windrati, nanging kang disawang ora aweh wangsulan, mula setengah negesi dhewe apa kang kudu ditindakake, nom-noman kuwi pamitan.

Nganti sawetara Windrati lan Nara mung padha meneng-menengan sajeroning kendharaan kang nggawa kekarone tumuju tengah kutha. Jeruk Sing wis kliwat.

”Kowe isih nesu?” Nara mbukaki gunem.

Windrati gedheg. ”Kanggo apa nesu? Wis kedadeyan. Luwih penting mikirake apa kang bisa ditindakake sabanjure.”

Ora ana kang celathu sawise iku. Nganti Nara nginggirake kendharaane ing ngarep penginepan lan Windrati mbukak lawang, nembe tembunge keprungu, ”Matur nuwun ya.”

Nara nyawang wong wadon iku, sauntara. ”Ora ngajak aku mlebu?”

Windrati meksa lambene mesem, ”Wis bengi, aku arep turu,” tanpa ngenteni wangsulan wong wadon iku metu saka mobil lan bablas menyang lobby kang wis katon sepi.
Nara isih ana papane. Nyawang ilange Windrati saka pandulune kanthi rasa cuwa awit kang disawang bablas, sajak ora rumangsa.

Mlebu kamar lan mbanting awak ing dhipan. Windrati ngesok pangrasa kang wiwit mau wis nyeseg ing dhadha. Tetaunan dheweke ngyakinake menawa Nara mung cerita lawas sajeroning uripe. Pranyata ora bisa. Perih ing ati amarga cerita lawas kuwi, isih krasa tekan saiki.

Nanging ora suwe dheweke banjur tangi, kelingan menawa kajian daerah aliran sungai Brantas lan Bengawan Solo durung ditandangi.


*) nate kapacak ing majalah Jaya Baya
http://ppsjs.blogspot.com/2008/10/jeruk-sing.html

Srikandhi Ora Gela

Srikandhi Ora Gela
Crita Cekake: Rie Rie

Rasaku wus ngebaki wakul atiku. Tak unggahke tak udhunke, tak unggahke maneh tak udhunke maneh. Waleh. Kaya-kaya wus tumeka ing sawijining tuk pepesten.
Yo uwis lah wong yo karo adhine dewe, pupusku. Karo maneh Sri isih isa kasawang netra, isih uga isa saba sinaba.


Dak cul ke sikile Sri, lelorone tumiba ing jogan, adhiku lan Sri. Luh kang dleweran ora kinira akehe, ngeculake Sri pada karo ngeculake separo uripku.

Aku wong tua kang mbalela. Biyen aku nate prasaja, samangsaning jabang bayi Sri isih ana ing gua garbaku, mbok menawa Sri lair bakal tak pasrahke marang Sum, adhiku. Ewadene Sri lair atiku ora lila, yen ta bayi kang tak lairake kanthi toh-tohan pati kuwi diaku liyan.

Iya pancen bener yen ta aku duwe anak akeh. Amarga aku tanah kang subur, dene adhiku tanah sing nela. Tanah subur kuwi tinanema tanduran mesti tukule, dene tanah nela, langka. Aku kaya dene truwelu kang manak branak, reden. Dene Sum, adhiku gabug. Prawakan lan pranakane garing sanadyanna saben dinane duwe pangan luwih dene cukup.

"Openana Sri kanthi becik. Tresnanana, sekolahna. Dadekna uwang kang wicaksana. Panjalukku, aja nutupi nek aku iki wong atuane, simbok e. Sing nggembol 9 sasi suwene, sing wis nglairke dhek e urip pati toh-tohane," kandhaku pungkasane. Luhku isih dleweran.

Sum manthuk tanda sarujuk. Tangan kekarone nyikep Sri kaya-kaya wedi yen bakal ucul, wedi yen bakal dak rebut maneh.

Saka netrane aku isa maca yen ta dhewek e matur nuwun banget sanadyanna tanpa kinucap sawijing ukara. Saka netrane uga aku isa maca menawa a dhewek e isa dipercaya, mikul tanggung jawab anggulawentah Sri.

Aku rada lega nyawang netra kang isa dipercaya.

Sikilku tumapak, ninggalake Sum lan Sri . Omah joglo sing di kupeng sawah ing sisih kiwa tengen lan mburine kuwi dak tinggalke. Ngliwati pekarangan jembar kanthi kembang werna-werni, ngliwati pager kayu kang di rupa putih nganggo gamping, ngliwati omah gedong werna biru tua, ngliwati bale desa kang kebak ibu-ibu PKK, ngliwati mburi omahe mbah Remik kang nganggo gedhek gelam lan payon godhong jati, isih terus maneh, ngliwati kali cilik uga bentak an ing tengah alas, ndeprok.

Ing pojok bentak an kuwi aku mendhek. Luh ku wis garing, tapi atiku isih mbayu.

"Uwis-uwis," kandane suara saka mburiku. Njenggirat aku ngadhek. Rasa wedi uga kaget nyawiji.

"Mbah Remik wonten mriki?" takonku sak wise nyawang praupanne uwong kang wis mbantu aku nglairake Sri sesasi kepungkur.

"Iya lagi golek cabe puyang.Uwis lah nduk, kuwi mana kanggo amrih becik e. Ora usah ditangisi, tur maneh janji kuwi pada dene utang kang wajib di bayar."

"Inggih mbah," sumaurku lamat-lamat.

"Bali o, jaga sarira. Balung njeromu isih enom."

"Inggih mbah,"

Atiku rada enteng, ora kemrungsung kaya rong jam kepungkur. Iya pancen bener Sum kuwi wanita kang bisa di percaya, jujur lan welas asih. Mesti tresnane bakal disokake marang Sri.

Bali! Aku isih duwe anak 5 kang kudu tak openi. Aku isih duwe tanggung jawab gede kang kudu tak depi. Ben na Sri ora isa dak kekepi, ora isa dak gulawentah dhewe nanging saiki aku yakin, aku antep yen menawa Sum isa ndadek ke Sri wanita kang sejati.

Aku mbok ne Sri, kang uga tetenger Srikandhi iki ora gela, ora cuwa nanging lega.

hehehe...blajar nulis jawa, mungkin penulisannya ada yang salah, begitulah...namanya juga belajar. Keep posting keep learning, yess!!


dijupuk saka babu ngeblog
http://ppsjs.blogspot.com/2008/03/srikandhi-ora-gela.html

Minggu, 30 Mei 2010

Dhandhanggula

Kempalaning Tembang Macapat ngewrat carios Kancil anggitanipun Ki Ledjar Subroto, kangge kabetahan menawi nindakaken ringgit Kancil.

DHANDHANGGULA (1)

Kababar dongeng nama sang kancil,
Dipun beber dadya wujud wayang,
Dimen gampang caritane,
Tur cetha yen kadulu,
Dadya budaya kang lestari,
Pancen iku pranyata,
Kinarya sesuluh,
Hangiseni pembangunan,
Pepaking kabudayan ing tanah jawi,
Sarta ing Nuswantara.

Pra sedulur mangga majeng sami,
Sun dongengi sabangsaning sato,
Akeh banget pigunane,
Kena kanggo pitutur,
Bisa gawe sengseming ati,
Marang putra lan wayah,
Sarana panuntun,
Lestarining kabudayan,
Sartaning lingkungan kita sami,
Anjaga sato wana.

DHANDHANGGULA (2)

Risang kancil sato ingkang wegig,
Bisa uwal sakehing bebaya,
Remen tetulung rowange,
Kanthi akal kang luhur,
Sanadyan ta wujude cilik,
Srana ati tatag,
Teteg teguh tangguh,
Agawe leganing rowang,
Nadyan gedhe galak kabeh den adhepi,
Among sarana akal.

Precaya’wa mring dhiri pribadi,
Nora gampang kena ing paeka,
Waton eling ing wajibe,
Contone kancil iku,
Sanadyan ringkih tur’ta alit,
Ananging tanggung jawab,
Myang sakehing pakewuh,
Datan ajrih ing bebaya,
Akalipun kinarya gegaman sakti,
Nyata kancil sembada.

Risang kancil mlebu wanadri,
Angenggar-enggar senenging nala,
Anjujug pinggiring lepen,
Nulya sinambi nginum,
Datan nyana wonten bilahi,
Kancil nulya anjola,
Jebul ana bajul,
Jumedhul saking jro toya,
Gidrah-gidrah arsa nyarap mring sang Kancil,
Tutuknya pindha guwa.

Sang kancil tan mobah datan mosik,
Amung andomblong ngupadi akal,
Mrih bisa slamet awake,
Bajul nedya den etung,
Kalumpatan mbangka sawiji,
Mumbul-mumbul trus mlajar,
Kanthi mesem ngguyu,
Bajul kraos yen kapusan,
Kabeh nesu kanthi rasa sedhih,
Nulya ambles ing toya.

Pidhato Lingkungan "Sampah"

SAMPAH SAGED DADOS BARANG INGKANG MIGUNANI

Assalamu’alaikum Warohmatullah. Wabarokatuh.

Ingkang dahat kinurmatan Bapak Kepala Dinas Pendidikan Kota Malang utawi sesulihipun, para Dewan Juri ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Ibu guru pendamping ingkang tansah kinabekten, Para rawuh kakung sumawana putri ingkang sinuba ing pakurmatan.

Puja puji pudyastuti katur dumateng ngarsanipun Gusti Allah, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah dumateng kula panjenengan sami, sahingga kita saged ngrawuhi adicara punika. Para rawuh ingkang kinurmatan, keparenga kula nggempil kamardikan panjenengan sawetawis , kula minangka duta saking SMP Negeri 16 Malang badhe ngaturaken sekedik atur wacana ngenani salah setunggalipun bab lingkungan ing kitha Malang, inggih punika Sampah saged dados barang ingkang migunai.

Para rawuh ingkang sinuba ing pakurmatan, ing gesang kita sakbendintenipun, kita tansah ngasilaken sampah utawi uwuh. Sampah punika saged arupi “sampah organik” lan “sampah anorganik”. Kita sampun sami mangertos, bilih ingkang dipunwastani sampah punika awujud samubarang ingkang sampun mboten kangge malih. Lan malih sampah punika minangka barang ingkang kathah-kathaipun ndamel kita jijik utawi mboten purun malih ningali, mendhet, ngambet, punapa malih migunakaken.

Ananging, sedaya paningal ingkang sampun kasebat kalawau punika sejatosipun mboten sedaya leres. Kenging punapa kok mekaten ? Pancen leres menawi kita tingali sakeplasan, sampah minangka barang ingkang mboten wonten ginanipun. Ananging menawi kita saged tliti malih, sampah saged dipunolah malih dados barang ingkang wonten gina lan mupangatipun tumrap kita sedaya. Malah saged nambahi pengasilan kita sakbendintenipun.

Cobi kita penggalih malih, menawi kita tingali, pinten kintal sampah ingkang dipunasilaken warga kitha Malang saben dintenipun. Lajeng sampah punika dibucal kemawon, tanpa wonten niyatan dipunolah malih. Menawi saged kaetang, karugen kita kathah sanget menawi sampah kalawau namung dibucal utawi diobong kemawon. Cobi dipungalih, pinten rupiyah ingkang kedah dipunbayar dening warga kangge mbucal sampah, kadosta ing perumahan ingkang wonten petugas khusus sampah. Dereng malih karugen ingkang mboten saget dietang ngangge rupiyah, kados sampah ingkang dibucal saenggen-enggen saged nuwuhaken bibit-bibit penyakit lan dipuntingali kirang sekeca.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, kasunyatan kados makaten punika miturut kula wonten cara kangge nanggulangi. Sampah ingkang saged dipunolah punika kagolongaken kalih, inggih punika sampah organik lan sampah anorganik. Sakderengipun kita mbucal sampah, kita kedah mbentenaken antawisupun sampah organik (sampah basah) lan sampah anorganik (sampah kering). Kalih jenis sampah punika kedah dipunbentenaken rumiyin.

Menawi sampun kita bentenaken, sampah basah punika kita tampung ing bak khusus utawi dipunpendhem menawi kagungan lahan, ingkang wusananipin saged dados kompos. Dene sampah kering kita bentenaken malinh, pundi ingkang kalebet kertas, plastik utawi sanesipun. Saking sampah basah kita saged ngasilaken kompos ingkang saged dipun sade malih kanthi kemasan ingkang sae. Saking sampah kering ingkang wujud kertas, plastik, alumunium, wesi utawi sanesipun ugi saged kita sade ing pengepul barang-barang bekas. Utawi saged dipunolah piyambak dados kerajinan saking sampah daur ulang.

Menawi sedaya kalawau saged dipuntindakaken dening sedaya warga kitha Malang, mendah remenipun Bapak Wali Kota Malang ningali lingkunganipun resik lan warganipun saged nambahi pengasilanipun. Ananging sedaya punika bakal saged kaleksanan bilih dipunsengkuyung dening sedaya pihak ingkang wonten gegayutanipun.

Para rawung ingkang sinuba ing pakurmatan, pangangkah kula minangka siswa, supados wontenipun “Kerja sama lintas sektoral” antawisipun Dinas Kebersihan lan Dinas Kesehatan kaliyan pihak Dinas Pendidikan kanthi ngawontenaken penyuluhan utawi sosialisasi ing sedaya sekolahan ngenani perlunipun njagi lingkungan lan kesehatan. Kados ing sekolah kula ing SMP Negeri 16 Malang sampun wonten kerjasama kaliyan Dinas Kebersihan arupi penyuluhan bab kebersihan lingkungan. Lan sasi kepengker saking Dinas Pendidikan sampun maringi bantuan alat kangge ngolah sampah organik supados dados kompos.

Menawi punika saged kaleksanan kanthi lancar ing sedaya sekolah, sekolah badhe angsal tambahan pengasilan arupi produk pupuk kompos, Asilipun saged kangge nambahi fasilitas ingkang nunjang Kegiatan Belajar Mengajar. Dereng malih sampah ingkang arupi plastik lan kertas, inggih saged dipunginakaken dados barang ingkang mupangati. Utawi sakboten-botenipun langsung saged dipun sade kiloan ing pengepul barang bekas.

Asil ingkang sanesipun inggih punika lingkungan sakiwa tengenipun saged resik lang asri, ingkang wusananipun saged nyiptakaken lingkungan ingkang sehat damel sedaya warga sekolah. Lan cara kados kasebut kalawau ugi saged dipuntindakaken ing sedaya lingkungan ing kitha Malang.

Kula kinten kirang wicaksana menawi atur wacana punika kula panjang lebaraken malih. Pramila kula cekapi ngantos semanten kemawon. Mugi-mugi punapa-punapa ingkang sampun kaatur kala wau wonten gina lan paedahipun. Menawi wonten cecer cewet kula ingkang kirang mranani ing penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Warohmatullah. Wabarokatuh

Sabtu, 29 Mei 2010

Pidhato Lingkungan "Pemanasan Global"

Pengaruh “Pemanasan Global” tumrap Kasarasan Manungsa

Assalamu’alaikum Warohmatullah. Wabarokatuh.

Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Kepala Dinas Pendidikan Kota Malang utawi sesulihipun, para Dewan Juri ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Ibu guru pendamping ingkang tansah kinabekten, Para rawuh kakung sumawana putri ingkang sinuba ing pakurmatan.

Puja puji pudyastuti katur dumateng ngarsanipun Gusti Allah, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah dumateng kula panjenengan sami, sahingga kita saged ngrawuhi adicara punika. Para rawuh ingkang kinurmatan, keparenga kula nggempil kamardikan panjenengan sawetawis , badhe ngaturaken sekedik atur wacana ngenani Pengaruh “Pemanasan Global” tumrap Kasarasan Manungsa.Pemanasan global (Global Warming) maringi dampak ingkang kathah tumrap gesangipun manungsa, salah sawijinipun inggih punika kasarasan. Hawa ingkang tansaya panas ndadosaken kahanan ing bumi punika inggih tansaya kathah penyakit. Salah setunggalipun dampak inggih punika ” Perubahan cuaca lan lautan ” arupi mindakipun ”temperatur” sacara ”global” ingkang akibatipun saged nuwuhaken penyakit-penyakit ingkang wonten gegandenganipun kaliyan ”panas (heat sroke) lan pepati. Utaminipun tumrap priyantun sepuh , lare alit, gampil kenging penyakit kronis. ”Temperatur” ingkang nginggil inggih ndadosaken gagal panen, sahingga saged nuwuhaken ”bencana kelaparan”.

Para rawuh ingkang sinuba ing pakurmatan, ”perubahan cuaca” ingkang ”ekstrem” lan minggahipun toya segara ndadosaken lelehipun es ing kutub utara. Lajeng nuwuhaken penyakit-penyakit ingkan wonten gegandenganipun kaliyan bencana alam (banjir, badai lan kobongan). Wontene bencana alam mliginipun dipundereki kaliyan pindhahipun tiyang-tiyang tumuju dhateng panggenan pengungsian ingkang asring tuwuh penyakit, kadosta : diare, malnutrisi, defisiensi mikronutrien, trauma psikologis, penyakit kulit, lan sanes-sanesipun.
”Pergeseran ekosistem” maringi memberi dampak tumrap nyebaripun penyakit lumantar toya. Kenging punapa ta punika saged dumados ? Kita mundhut tuladha kedadosan penyakit Demam Berdarah. Nyamuk Aedes aegypti minangka ”penyebab penyakit”, nggadhahi “pola hidup” lan tumangkar ing dhaerah panas. Saking sebab punika, kathah sanget demam berdarah ing dhaerah kitha-kitha ingkang langkung panas menawi katandingaken kaliyan dhaerah pegunungan ingkang asrep. Nanging kanthi wontenipun ”Global Warming”, ingkang ndadosaken ”pemanasan sacara global, dhaerah pegunungan milai mindhak suhuipun, sahingga nuwuhaken ”ekosistem” enggal tumrap nyamuk Aedes aegypti tumangkar kanthi kathah.
“Degradasi Lingkungan” ingkang disebabaken ”Global Warming” , ditambah malih kaliyan pencemaran limbah ing lepen-lepen, ugi nambahi kathaipun penyakit. Kahanan lingkungan ingkang sampun mboten seger malih, toya-toya dados mboten bening malih, minangka salah setunggalipun sebab tuwuhipun penyakit kadosta penyakit-penyakit saluran pernafasan inggih punika asma, alergi, penyakit jantung, paru-paru kronis, lan sanes-sanesipun.
Makaten agengipun pengaruh ”pemanasan global” tumrap kasarasan manungsa. Punapa kita tetep kemawon mboten nggatosaken sedaya kedadosan ing bumi kita punika ? Pramila, mangga kita wiwiti saking dhiri pribadi kita piyambak, supados njagi lingkungan kanthi cara ingkang saged kita tindakaken ! Upaminipun tansah njagi karesikanipun lingkungan saindhenging griya utawi sekolahan. Kita minangka siswa saged nindakaken bab-bab ingkang saged ngirangi pengaruhipun ”Global Warming” inggih punika njagi karesikan saindhenging sekolahan, kanthi cara mbuwang uwuh ing panggenan ingkang sampun cumawis. Nanem wit-witan arupi kembang-kembang ing taman sekolah, ngirangi ngginakaken bahan bakar ingkang saged nambahi polusi udara, kanthi cara nitih sepedha pancal kemawon menawi dalemipun mboten sepinten tebih, lan sanes-sanesipun. Sedaya punika minangka usaha kita njagi lingkungan, kanthi pangangkah ngirangi dampak ”Global Warming”.

Kula kinten kirang wicaksana menawi atur wacana punika kula panjang lebaraken malih. Pramila kula cekapi ngantos semanten kemawon. Mugi-mugi punapa-punapa ingkang sampun kaatur kala wau wonten gina lan paedahipun. Menawi wonten cecer cewet kula ingkang kirang mranani ing penggalih panjenengan sedaya, saestu kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Warohmatullah. Wabarokatuh.